Five Horizons   untuk mereka yang kesepian, dan terasing, di rumahnya sendiri...

Friday, December 07, 2007

ekonomi kerbau bingung

Nggih kados kebo niku, rakyat namung anut gebraking tiyang mawon. Disukani suket nggih syukur, mboten disukani nggih mboten saged napa-napa. Dos pundi nek mboten kebo bingung wong ruwete ekonomi kados ngaten.
Bade nyalahke tiyang sepuh sebab kulo bodo nggih mboten saged, wong pancen mboten gadah arto kangge nyekolahke. Bade sugih nggih mboten mungkin, kecuali ngrampok.
Mosok, kebo terus dipecuti lan mboten dipakani. Nek ngoten nggih kebangetan sing angen, Lami-lami kebo niku nggih pejah. Kados menungso sing ngebo bingung niki, nek terus-terusan ngeten nggih mesti pejah.

|

posted by Autotechnology on 9:30 AM | permalink